Senin, 28 Maret 2011

Budaya: Geguritan dan Parikan Oleh: Yupiter Sulifan, Guru BK SMAN I Taman

Pengantar redaksi: Disela melaksanakan tugas dan tanggungjawab sebagai seorang guru pembimbing di SMA Negeri 1 Taman, Yupiter Sulifan masih menyempatkan menggoreskan pena untuk membuat puisi bahasa Jawa.
Diakui sendiri walau goresannya ini masih jauh dari yang namanya geguritan Jawa yang sesungguhnya, setidaknya Yupiter sudah berusaha mencoba melestarikan warisan budaya nenek moyangnya. “Jangan sampai warisan budaya ini diaku-aku oleh Negara lain sebagai miliknya. Walau kenyataannya masih banyak generasi muda yang asing dengan geguritan Jawa namun bukan berarti hal ini sebagai kendala untuk mengenalkannya pada mereka. “Yo, sak isok-isok-e nggurit penting ora lali marang kabudayan leluhur kang adi luhung,” ujar guru yang berdomisili di kawasan pertambakan Waru.
Kenyataan, salah satu karya Yupiter pada tahun 2010 lalu tepatnya saat peringatan HUT kabupaten Sidoarjo, yang berupa parikan/kidungan meraih juara 2 di lomba Kidung Jula Juli HUT Sidoarjo 2010 di Dispora Sidoarjo. Berikut ini beberapa karya Yupiter Sulifan :

1. Kidungan Jula Juli Sidoarjo-an

Suroboyo kutho pahlawan
Sidoarjo daerah pertambak-an
Dadi pelajar ojok seneng tawuran
Mergo tawuran iku koncone setan.
Setan mono panggone neroko.
Tuku rambutan rasane manis
Sing parikan rupane manis.

Sidoarjo, nduweni julukan kota Delta
Deltane kali Brantas
Tanah-e subur, makmur loh jinawi
Toto tentrem kerto raharjo.

Asile pertanian, akeh macem-e
Onok pari, onok tebune
Asile tambak ugo akeh jenise
Urang windu, bandeng iku unggulane.

Sejene iku ugo akeh pabrik-e
Ojok lali karo lumpur panas-e.
Senajan sedih tapi onok hikmah-e
Saiki rame dadi obyek wisata-e.

Mulane dulur podho gedhe syukur-e
Ojok sedih opo sumpek pikir-e
Kerja keras ojok lali dongane
Supoyo Gusti nambahi rejekine.

“Monggo parikan dangdutan parikeno, tariiik Guuk!”

Telu siji wulane Januari
Tanggal Masehi aku gak bakal lali
Tanggal kramat Sidoarjo berhikmad
Monggo dulur ayo bersemangat.

Semangat, semangat empat lima
Kanggo mbangun kabupaten tercinta
Warga Delta kabeh jangan lupa
Mbayar pajek kanggo kota tercinta.

Cinta, cinta setengah mati
Cinta kota koyok cinta kekasih
Kekasih ilang ati menjadi sedih
Adipura ilang bikin malu diri.

Diri, diri awakku dhewe
Wong sik enom senengane main gaple
Main gaple sinambi mangan dele
Koncoku nangis mergo tak cokot anune.

“Sik! ojok ngeres, dulur, iku lho udele duduk anune liyane, mulo dulur ojok tiru kelakuanku iki sing senengane main gaple. Mending sing kecokot udele lha nek kecekel pulisi, tambah ngisin-ngisini ae..Guk!”

Yuk Painten ngeloni ulo
Cekap semanten kidungan kulo.

(Waru lingsir wengi, 2010)
(Kidungan/parikan ini meraih juara 2 dalam lomba Kidung Jula Juli HUT Sidoarjo 2010 di Dispora Sidoarjo)


2. Geguritan: Harga Diri

Ajining diri manungsa,
Tan gumantung saka kapribadianne.
Andhap asor, jujur lan tutur luhur,
Iku kang utama.
Dudu banda donya,
Opo emas picis mahewu-ewu,
Nalikane memelas,
Manungsa hamung bisa lungkrah,
Duh! Gusti,
Yen mati mung tilar nami.

(Kedungrejo Waru, 2008)


3. Geguritan: Critane Manuk Grejo

Ono manuk grejo sajodho,
Andhum katresnan sadhuwure joglo.

Mabur mangulon,
Mung tinemu paralon.
Mabur mangetan,
Ora ono tanduran pari ketan.
Mabur ngidul,
Jebul hutane wis gundul.
Mabur ngalor,
Ora katon wit kelor.

Ono manuk grejo sajodho,

Menclok nang jagrak,
Malah nemu karak.
Mergo weteng kaliren,
Karak meksa mlebu weteng.
Weteng durung kebak,
Dumadakan sing nduwe ngoyak.
Menyang sawah ono pari,
Sih sedela nyisili pari,
Banjur diusir pak tani.

Manuk grejo sajodho bisane mlongo,
Eling susuhe ing wit sono.

Arep mabur, mak plak!
Pungkasane manuk grejo sajodho neblak.
Dudu kena peluru pemburu,
Opo dibedhil pak polisi,
Nanging mati mergo asap polusi.

Manuk grejo sajodho,
Mung ninggal susuh ing wit sono.

(Tambaksumur-Waru, Maret 2011)

Tidak ada komentar: